Nama : __________________
No : __________________
ULANGAN
UMUM
SEMESTER I SEKOLAH DASAR
TAHUN
PELAJARAN 2017/2018
Mata
Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/tanggal :
Kelas / Semester :
VI (Enam)/ I Waktu :
======================================================================
PETUNJUK UMUM :
1.
Tulislah
terlebih dahulu nama sebelum kamu mengerjakan soal di bawah ini!
2.
Kerjakanlah
soal di bawah ini pada kertas ini juga!
3.
Jangan
menggunakan pensil atau spidol,gunakanlah bollpoin warna hitam atau biru!
4.
Kerjakan
soal – soal yang kamu anggap mudah terlebih dahulu!
5.
Periksalah
kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada pengawas!
Wacanen teks crita anak ing ngisor iki!
Wa
Cethil lan Wedhus Ucul
Ana sawijining desa aran
Desa Ledhungreja. Ing desa Ledhungreja ana wargane kang jenenge Wa Cethil. Wa
iku pakdhe. Dheweke seneng nenandur. Pekarangane ditanduri werna-werna kayata
bayem, lombok, tomat, terong, kacang gleyor lan liya-liyane. Tandurane subur
banget godhonge ledhung-ledhung, wohe pating grandhul. Kacang gleyor ditandur
turut pager, kacange pating tlolor.
Saben wong liwat padha
ngelokake, malah saking kepingine ana kang nembung njaluk, ana meneh kangarep
tuku. Nanging Wa Cethil ora oleh alesane tanduran mau ora arep diundhuhi,
diedol utawadiweneh-wenehake, tanduran mau mung arep kanggo sawangan utawa
pethetan.
Nalika Wa Cethil lagi turu
awan utawa ngaso ana wedhus ucul saka cencangan, playune wedhus mau tekanngarep
omahe Wa Cethil. Wedhus weruh tanduran kang ledhung-ledhung lan kacang gleyor
pating tlolor seneng banget banjur padha pesta. Wedhus-wedhus mau bareng wis
padha wareg banjur padha lunga, bali meneh ing papan kang kanggo nyabrang maulan
bali ing kandhange.
Wa Cethil tangi turu, adus
banjur ngisis ing njaba, iba kagete bareng weruh tandurane ludhes.
I.
Wenehana tandha ping (x) ing aksara
A,B,C,utawa D sing dianggep wangsulan kang bener!
1.
Paraga crita anak ing dhuwur duweni watak….
A.
loma C. setiti
B.
gemi D. cethil
2.
Tema
utawa underane crita ing dhuwur yaiku ….
A.
kesehatan C. olah
raga
B.
budhi pekerti D. perdagangan
3.
Kadadean crita ing dhuwur iku ana ing ….
A.
pekarangan C. tengah alas
B.
pinggir alas D. pinggir kali
4.
Saben
ana wong sing pingin njaluk utawa tuku tandurane Wa Cethil ora entuk
amargatandurane iku arep ….
A.
kanggo
sawangan C. diedol ing pasar
B.
diwenehake
tangga D.
dipakakne wedhus
5.
Pagawean
masyarakat ing desa biasane yaiku….
A.
pengusaha C.
dagang
B.
tani D. swasta
Wacanen
kanthi premati!
Raden Janaka
Jenenge
liyane Raden Janaka antara liya Arjuna, Permadi, Pamade, Kombang Ali-ali, lan
isih akeh meneh.
Dheweke iku Pandhawa sing nomer telu. Amarga Pandhawa iku ana lima lan Janaka
iku nomer telu mula dheweke uga disebut Panengahe Pandhawa.
Janaka
iku pinter manah, sekti, lan uga pinter perang. Sanajan awake cilik lan
sawangane tumindake klemer, nanging sejatine trengginas lan trampil. Saben
perang mesti menang. Gamane antarane Keris Pulanggeni lan Panah Pasopati.
Dheweke uga duwe aji panglimunan sing bisa ngilang.
Ing
Perang Baratayuda, Arjuna adhep-adhepan karo Adipati Karna, Adipati Karna iku
sejatine isih kakange dhewe beda bapak tunggal ibu. Tegese antarane Arjuna lan
Adipati Karna iku ibune padha nanging bapake beda. Bapake Arjuna iku Prabu
Pandhudewanata, dene Adipati Karna iku bapake Bathara Surya. Ing Perang
Baratayuda iku Janaka didandani padha karo Adipati Karna. Kanthi mangkono sing
perang katone Karna mungsuh Karna.
................................................................................................................................
6.
Raden
Janaka iku putrane Prabu....
A.
Pandhudewanata C. Kresna
B.
Dhestarastra D. Yudhistira
7.
Raden
Janaka dhuweni pusaka sing ampuhyaiku ....
A.
Kuku Pancanaka C. Keris
Pulanggeni
B.
Gada Rujakpolo D.
Jimat Kalimasada
8.
Pandhawa
iku cacahe ana lima, kang dadi panengahe
yaiku ....
A.
Yudhistira C. Arjuna
B.
Werkudara D.
Nakula
9.
Para Pandhawa iku
duweni watak ....
A.
goroh
lan licik C.
ora manut aturan
B.
kasar,
ugal-ugalan D.
luhur, wicaksana
10. Perang
antarane Kurawa lan Pandhawa diarani ....
A.
Baratamudha C. Baratayuda
B.
Baratagerilya D. Baratakembang
11. Piranti kang ana ing perpustakaan
sekolah iku antarane ....
A.
buku
bacaan, jajanan, majalah C.
majalah, kacang
goreng, buku
B.
rak
buku,majalah, buku bacaan,
D.
tv, majalah, rak piring
12. Sing tukang jaga perpustakaan iku jenenge
….
A.
Pustakawan C.
Hartawan
B.
Dermawan D. Wartawan
13. Menawa
mlebu perpustakaan iku ora kena ....
A.
maca buku C.
sinau
B.
nyilih buku D.
rame
14. Nulis lapuran iku beda karo ngarang, manawa
ngarang iku nurut gagasane sing nulis. Manawa lapuran iku nulis ....
A.
kahanan,
barang lan kabar nurut gagasane sing nulis
B.
kahanan,
barangapa sing diweruhi lan dirungokake sing nulis
C.
kahanan,
barang nurut bayangane sing gawe lapuran
D.
cerita
kahanan manut gagasan wong sing nulis lapuran
15. Tulisan lapuran pengamatan iku klebu
karya ....
A.
ilmiyah C.
karangan
B.
dongeng D. sastra
16. Sakwise nglaksanakake pengamatan kudu
gawe ….
A.
lapuran kunjungan C. daftar pitakonan
B.
lapuran
pengamatan D.
Jadwal pengamatan
Wacanen kanthi premati!
Ngawetake Gedhang
Sadi :
“Bu kebonipun piyambak menika witipun pisang kathah, lan wohipun
lumayan.”
Ibu :
“Bener, kuwi asil karyane bapakmu, anggone sregep ngopeni kebon.”
Sadi :
“Kadosipun nggih Bu, supados pisangipun piyambak menika saged
dipunawetaken ngaten Bu?”
Ibu :
“Ooo… hiya bisa, nanging kudu tlaten.”
Sadi :
“Kedah tlatos kadospundi Bu, nyuwun dipunlajengaken.”
Ibu :
“Jalaran wektune suwe ora dedina dadi.”
Sadi :
“Cobi Bu kula dipunparingi andharan, nanging kula mendhet cathetan rumiyin
mindhak kesupen.”
Ibu :
“Wis saiki tulisen Ibu dakngendika! Alat lan bahan dicawisake dhisik.”
Sadi :
“Alat lan bahanipun menapa Bu?”
Ibu :
“Alate : lading, anjang utawa tampah apa tambir, telenan, kompor, wajan,
srothil, erok-erok.
Bahane
: gedhang sing wis mateng, lenga goreng.
Carane
:
1.
Gedhang
diilangi kulite, disigar dadi loro nganggo lading. Sigaran gedhang ditata jejer
ana anjang utawa tampah banjur dipepe diwolak-walik ngenti setengah garing.
2.
Njupuk
kompor disumed, wajan ditumpangake kompor lan diwenehi lenga goreng nanging ora
megung. Yen lenga wajan wis tuwa gedhang dicemplungake, banjur diwalik nganggo
srothil, yen wis mateng ora nganti gosong banjur dientas nganggo erok-erok.
3.
Gedhang
diwadhahi piring sumadiya diladekake utawa dibunteli siji-siji nganggo kertas.
Gedhang sing wis digoreng iku arane sale pisang. Yen disimpen awet nganti
sesasi ora bosok.
Sadi : “Wah gampil sanget nggih Bu, kula badhe
nyobi damel.”
17. Pacelahon ing dhuwur iku antarane ….
A.
Sadi lan Bapak C. Ibu
lan Adhi
B.
Sadi
lan Adhi D. Ibu lan Sadi
18. Sing dadi
narasumber anaing dhuwur
yaiku ....
A.
Ibu C.
Bapak
B.
Sadi D. Adhi
19. Sale pisang yaiku gedhang kang….
A.
dikukus
terus digoreng C.
dipepe terus di goreng
B.
disigar
terus digoreng D.
dipepe terus diulek
20. [boch se[kolh , yen
diwaca ….
A.
Bocah
sekolah C. Bocah salah
B.
Bocah
ngolah D. Bocah solah
21. Pak Beni pagaweane masinis. Pak Beni
nglakokake….
A.
[mo[nTo/ C. kpl\
B.
[mobil\ D.
sepu/
22. Ibu kita kartini , yen ditulis nganggo
aksara Jawa yaiku ....
A.
aibu kit kritini C. aibu kitk/tini
B.
aibune kartini D.
aibuku k ritini
23. Dadi bocah kudu gemi setiti…. Aksara
jawa
A. s]eai C. gemti
B. pe/mti D. ztiati
Wacan ing ngisor iki gatekna!
Pangeran
Diponegoro
Wiwit taun 1825 ngantos dumugi taun
1830 ing tanah Jawi wonten perang ageng, katelah nami Perang Diponegoro.
Dipunwastani Perang Diponegoro awit pengageng ingkang ngadani perang mengsah
Kumpeni menika priyantun trahing aluhur, sesilih Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro punika sedherek
tunggal rama sanes ibu kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwono IV ing Yogyakarta,
putranipun Sultan Hamengku Buwono III.
Sasedanipun Sri Sultan Hamengku
Buwono IV, ingkang putra, ingkang kala semanten saweg yuswa tigang taun,
winisudha gumantos jumeneng nata, sesilih Sultan Hamengku Buwono V. Awit saking
kersanipun para pinisepuh, Pangeran Diponegoro kadhawuhan ngembani ingkang
putra keponakan, Sri Sultan Hamengku Buwono V.
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
24. Wacan ing dhuwur klebu karangan ....
A.
dheskripsi C. argumentasi
B.
narasi D. eksposisi
25. Sejatine Pangeran Diponegoro iku
putrane....
A.
Sri Sultan HamengkuBuwono III C. Sri Sultan
HamengkuBuwono IX
B.
Sri Sultan HamengkuBuwono IV D. Sri Sultan HamengkuBuwono X
26. Perang Diponegoro iku diwiwiti taun ....
A.
1725 C. 1825
B.
1730 D.
1830
Wacanen kanthi premati!
Dhokter Soetomo
Putra pambarape Raden Soewardji iki dilairake 30 Juli
1888 ing Ngepeh (Nganjuk) Jawa Timur. Asma asline Soebroto. Nalika dening
paklike arep dilebokakake ing sekolahan Landa ditampik. Esuke paklike ndhaftar
maneh ing sekolah iku lan ngganti jeneng Soebroto dadi Soetomo. Anehe, tanpa
kangelan dheweke ditampa.
Sadurunge umur 8 taun, Soetomo digedhekake dening
aki-ninine ing Ngepeh, kang duweni omah gedhe kanthi latar jembar kang akeh wit
mlathi ngubengi kolam iwak kang uga ambane. Soetomo enom urip kanthi luber
katresnan. Tau nalika dheweke lara mripat, dening ninine saben esuk mripate
diresiki nganggo banyu anyep rendheman kembang mlathi, ewadene angin esuk kang
alus nggawa arum kembang mlathi. Kenangan kang nengsemake iku ditulis ana ing
surat wasiyate. Soetomo nulis menawa dheweke tilar donya yen ora dikuburake ing
latare Gedhung Nasional Surabaya, supaya dikuburake ing sacedhake kolam kang
dikupengi kembang mlathi.
27. Kaanane pawongan kang nggedhekake
Dhokter Soetomo yaiku pawongan kang ....
A.
luber
katresnan C. kurang katresnan
B.
luber
bandha D. kurang bandha
28. Tuladha wujud katresnan kang dinehake
aki lan ninine marang Soetomo yaiku ….
A. dipundhutane dholanan maneka warna
sing regane larang
B. diajak jalan-jalan menyang kutha
Surabaya kang rame
C. nalika
lara mripat ditambani nganggo banyu rendheman mlathi
D.
saben sekolah disangoni sing akeh kareben pinter
29. Jenenge diganti dadi Soetomo amarga ….
A.
jenenge
wis ra njamani C.
ora pantes sekolah
B.
isin
karo jenenge D.
ora ditampa sekolah
30. Dhokter Soetomo duweni wasiyat yaiku
….
A. manawa tilar dhonya dikuburake ing
latare Gedhung Nasional Surabaya
B. manawa tilar dhonya dikuburake ana
ing sacedhake kolam kang dikupengi mlathi
C. kepingin didadekake pahlawan
nasional lan dikuburake ing Taman Makam
Pahlawan
D. kepingin dieling terus marang
rakyat Indonesia amarga dheweke pahlawan
31. [aolh [aolh
Yen diwaca ….
A.
oleh-oleh C. olah-olah
B.
ondhe-ondhe D. aneh-aneh
32. Karak remuk, yen ditulis aksara Jawa yaiku ….
A.
krkRemuk\ C. krkremuk\
B.
krik remuk\ D. kra\remuk\
33. Udane deres ora terang-terang,
ndadekake kaline ….
A.
bnJr C.
bnjir\
B.
bnJir D.
bnJi/
34. temB= p=ku/ yen diwaca ….
A. tembang pangkur C. tembang pangikur
B. tembung pangkur D. kembang pangkur
35. Kaya macan luwe, yen ditulis nganggo
aksara Jawa dadine ….
A.
[ko[yo mcn\ luwe C.
ky mcanluweh
B.
ky mcnLuwe . ky mcnLwe
II. Isenana
ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi pratitits!
36. Crita anak iku ngemu piwulang kang bisa
dijupuk kang kasebut ….
37. Ing crita anak paraga Truwelu duweni
watak jirih, jirih tegese ….
38. Raden
Arjuna iku pinter ....
39. Raden
Arjuna iku sejatine duwe sedulur tuwa sing meh padha rupane, yaiku ....
40. Sadurunge wawancara karo petugas
perpustakaan luwih dhisik kudu gawe ….
41. Perpustakaan
iku papan kanggo ....
42. Gedhang iku bisa diawetake kanthi cara....
43. n/di aj/ mc jw, yen
diwaca ....
44. Pak Suradi ora menyang karja amarga
lagi lara untu.
Lara untukrama inggile yaiku ....
45. Suparta gawe tahu, yen ditulis nganggo
aksara jawa yaiku …
III. Wangsulana
pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
46. Pandhawa
iku cacahe ana lima,
sebutna!
Jawab :
_____________________________________________________
_____________________________________________________
_____________________________________________________
47. Apa wae sing perlu digatekake nalika ngleksanakake
wawancara? Sebutna!
Jawab :
______________________________________________________
______________________________________________________
______________________________________________________
48. Aksara Jawa ing ngisor iki gantinen huruf latin !
wi[yo[no tuku swh
Jawab : _____________________________________________________
_____________________________________________________
_____________________________________________________
49. Ukara ing ngisor iki kramakna!
Mbah Darno lunga Sala
numpak bis.
Jawab : ______________________________________________________
______________________________________________________
______________________________________________________
50. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo
aksara jawa!
Ratu Kraton Surakarta.
Jawab : ______________________________________________________
______________________________________________________
______________________________________________________
KUNCI
JAWABAN
I.
Pilihan Ganda
1.D
8.C 15.A 22.C 29.D
2.B
9.D 16.B 23.D 30.B
3.A 10.C 17.D 34.B 31.C
4.A 11.B 18.A 25.A 32.A
5.B 12.A 19.C 26.C 33.D
6.A 13.D 20.A 27.A 34.A
7.C 14.B 21.D 28.C 35.B
II.
Isian
36. amanat 41. nyilih buku
37. weden/ ora kendel 42. digawe sale pisang
38. manah 43. Nardi ajar maca jawa
39. Adipati Karna 44. gerah waja
40. dhaftar pitakonan 45. sup/t gwe tau
III.
Uraian
46. a.
Puntadewa
b.
Werkudara
c. Arjuna
d. Nakula
e. Sadewa
47. a.
unggah-ungguh nalika wawancara
b. wawancara manut
dhaftar pitakonan sing digawe
c. nyatet asile
wawancara kanthi teliti
48.
wiyono tuku sawah
49.
Mbah Darno tindak Sala nitih bis.
50. rtu k][tonSurk/t